Senin, 30 November 2015

Tembang Macapat (POLITIK)

Identitas anggota :
1. Hilda Carolina
2. Lulu kamalinda
3. Nova Tamam Q
4. Odi Pangestu

Tema : Politik

Cakepan/syair Tembang Pocung :
Ing tanggal sanga nganakake pemilu
seIndonesia
Golek pemimpin kang adil
Pimpina nagariku Indonesia
          Rakyat ngarepake pemimpin kang jujur
          Tujuan santosa
          Nglakokake luber jurdil
          Njunjung dhuwur mendem jero pemerintah

Isine Tembang Pocung :
        Ing nagari Indonesia sakmenika nganakake pemilihan umum (pemilu) kang dilaksanakake ing tanggal 9 desember 2015. Pemilu menika dilaksanakake kanggo nggolet pemimpin Indonesia. Ya, pancen pemilu iki kanggo nggolet pemimpin kota kang biasa diarani bupati utawa wali kota nanging bupati utawa wali kota menika salah sijining perkara kang kanggo mimpin nagari ing tingkat kota.
        Pemilu menika dilaksanakake dening rakyat kanggo rakyat. Rakyat sedoyo ngarepake pemimpin kang jujur, jujur sikap lan tindakane. Kang diarep - arep rakyat uga kanggo santosane nagari. Dilakokake kanthi luber jurdil ( langsung, umum, bebas, rahasia, jujur lan adil ). Pemimpin kang kapilih kudu bisa njunjung derajate Indonesia lan ninggalake sedoyo sipat kang ora becik kang diduweni dening Indonesia.

Relevansi karo jaman saiki :
        Nalika jaman rumiyin pemilu teksih kathah kang dilaksanakake kaliyan kalih paksaan uga ora jujur. Ingkang jaman sadurunge kathah calon pemimpin kang ora jujur wiwit kampanye kanthi kapilih dados pemimpin. Ing jaman rumiyin punika tata cara lan peraturan teksih ribet.
        Nanging ing jaman saiki menika pemilu dilaksanakake kanthi jujur lan adil. Mboten wonten paksaan lan sami kaliyan hati nurani masyarakat kang pada milih. Pengawas pemilu uga sampun ketat saengga mboten wonten malih kecurangan dening para calaon. Tata cara pemilu uga sampun diterapake kanthi ringkes.


Tembang Macapat Pocung Gotong Royong

KELOMPOK 5

Anggota :
1.     Alifah Kanza W              ( 02 )
2.     M. Yosoef Gagah P         ( 24 )
3.     Salsabila Felda M           ( 30 )
4.     Winda Suka L                 ( 36 )

Tema : Gotong Royong

Cakepan / syair:
Gotong royong yaiku tulung tinulung
Kang dadi budaya
Sing susah do direwangi
Perkara kang angel dumadi kepenak

Wong - wong bebarengan pada gugur gunung
Ya enom ya tuwa
Pakolehe mesti becik
Sebab kabehan olih bagya lan mulya

  Isine tembang macapat :
           Tembang Pocung ing dhuwur nyritakaken bab budhaya gotong royong kang sampun dados budhayane wong - wong Indonesia. Gotong royong kang uga bisa diarani gugur gunung iki duweni faedah sing gedhe kanggo urip manungsa lan duweni tujuan sing becik.

  Relevansi karo kahanan masyarakat saiki:
            Ing masyarakat padesan, gotong royong taksih dilakoni, dene ing kota gotong royong diganti karo mbayar wong kanggo ngresiki lingkungan urip


KELOMPOK 9
Tema : Pendhidhikan

Anggota :
1.     Fariz Rahman Hakim     ( 10 )
2.     Frida Prasetyo Utami    ( 13 )
3.     Ilham Syafiq Imawan     ( 18 )
4.     Jauharoh Fadiyah          ( 20 )


Bocah sekolah kudu sregep sinau
Ilmu kanggo bekal
Sangu urip nganti mati
Ben urip begja ora cilaka

Dhawuhe guru sing becik ya digugu
Uga diamalna 
Ben duwe budi pekerti
Kanggo sangune urip ing masyarakat


Isine tembang macapat :
              Tembang macapat iki mrentah bocah sekolah kudu sregep sinau nggolet ilmu. Ora mung ilmu donya nanging uga ilmu akherat. Ilmu iku nduweni kedudukan sing utama kanggo sangu urip nganti tekan mati. 
          Neng sekolah dhawuhe guru sing becik kudu digugu lan diamalna. Yen bisa ngamalna pitutur sing becik bakal dadi wong sing nduweni budi pekerti kanggo urip ing masyarakat.

Relevansi isine tembung karo kahanan masyarakat saiki :
           Ing jaman saiki bocah sekolah pada bebeh sinau amarga kecanduan dolanan hp utawa laptop. Padahal kewajibane bocah sekolah yaiku sinau. Merga akeh bocah sing ora sinau mula nile sekolahe ala lan ora munggah kelas.Omongane guru uga wis ora digugu maning.


Nguri - uri Budaya Jawa 
Kelompok                     : 3 
Anggota                         : 1. Besha Ulfaedah                          (07) 

 2. Hanifah Rona Nurjannah           (15) 
 3. Muhammad Azwar Berliana      (24)
 4. Widyananda Dyah Wulandari     (34)

Tema                             : Kabudayan Jawa
Tembang                       :

Kabudayan iku warisan leluhur
Wit jaman menika
Kanthi jamane Jokowi
Ingkang sameniki tansah dipunjaga

                   Dipunjaga dening tiyang putri kakung
                   Aja ngasi sirna
                   Bareng – bareng ngelakoni
                   Kanthi nguri – uri kabudayan Jawa

Isi Tembang                            :

          Kabudayan menika warisan leluhur sing ana saka  jaman gemiyen nganti jaman saiki, yaiku pemerintahane Jokowi kang kudu dijaga. Dijagane karo kabeh wong ( putra lan putri ), aja nganti kabudayan kuwi ilang. Kabeh wong kudu ngelakoni, yaiku ngelakoni kanthi cara nguri – uri kabudayan Jawa.

Relevansi isine tembang karo kahanan masyarakat saiki       :

          Jaman saiki kabudayan Jawa wis pada ditinggalake utamane dening generasi nom. Sebabe saiki generasi nom padha seneng karo kabudayan Barat, saengga kita dados generasi nom kudu nguri – uri kabudayan Jawa supados ora ilang. 


Minggu, 29 November 2015

Tembang Macapat

Identitas Anggota :
1. Feryan Rachmat Wibowo (11)
2. Fitroh Amaniah                (12)
3. Galuh Purbo Ningrum      (14)
4. Naely Ulfa                       (26)

Tema : Kebudayaan

Cakepan / Syair Tembang Pocung :
Budaya kanggo warisan anak putu
Kang kudu dijaga
Uga kita uri uri
Supados budaya Jawa ora sirna

Aja kongsi ing pungkasan kita getun
Merga kabeh ilang
Wayang, ebeg uga gending
Yo kita lestarikake sesarengan

Isine Tembang Pocung :
Nyritakake budaya jaman saiki sing wis mulai ilang yaiku wayang, ebeg, gendhing, amarga masyarakat Jawa ora gelem nguri uri. Mula masyarakat Jawa kudu nguri uri budaya supaya ora ilang.

Relevansi karo jaman saiki :
Ing jaman saiki akeh masyarakat sing ora gelem nglestantuaken budaya Jawa lan luwih milih nyinauni budaya manca, kedahipun masyarakat iku kudu nglestantuaken budaya dhewek supados budhayane dhewek ora ilang utawi diakui bangsa liya.

Minggu, 22 November 2015

Perangan Kepengker Mardhika

Anggota kelompok 1 Basa jawa:
  1. Imam Arifin (18/XI MIPA 6)
  2. Kabut Yuli Asih (21/XI MIPA 6)
  3. Laras Ayu Respati (22/XI MIPA 6)
  4. Rival Oktavian Harista (29/XI MIPA 6)

Tema : Kamardhikan

Cakepan Tembang Pocung :

Kapengker tanah jawi kang landa ngincup
Yen walanda ngobra
Narayana pada giris
Gaman pring kang wadi perangan mardhika

Ngelingana biyen keh korbane kang gung
Nalika palagan
Kamardhikan lwih rungkebi
Lir mudha-mudhi ngentasi parangmuka

Isine tembang :

          Nyaritakaken kahanan lan perangan mardhika.Saudurunge Indonesia mardhika,Indonesia dicekel dening Walanda.Salah satunggale ing tanah jawi wong nom-noman pada wedi tekane landa amarga landa padha ngrusaki negara.Nanging mudha-mudhi pada nglawa  landa karo gaman pring singh dadi rahasiane.
          Biyen sadurunge mardhika,akeh wong sing dadi korban perang.Mulane,saiki dhewek kudu lewih rungkebi kamardhikan.Dene kayata mudha-mudhi biyen sing ngentasi musuh yaiku walanda.

Relevansi isine tembang karo kahanan masyarakat saiki:

          Nang jaman saiki,perjuangan bangsa Indonesia beda karo jaman biyen.Jaman saiki,bangsa manca njajah Indonesia udu karo perang fisik nanging werna-werna.Babagan kemajuan teknoogi sing dadi gaman kanggo njajah,korban uitamane yaiku mudha-mudhi.Jaman saiki mudha-mudhi ora pada ngerti yen deweke lagi dijajah dening bangsa manca yaiku kebudayaan lan teknologi.Yen jaman biyen,landa utawa bangsa manca njajah bangsa Indonesia nggunakake perang gaman mulane akeh korban sing mati.Anane prastawa kuwi,dhewek kudu bisa milih babagan sing apik ana ing kemajuan teknologi,yaiku kebudayaan saking negara manca lan sagedrungkebi kamardhikan Indonesia.Dudu karo nglaksanakaken perang maring negara manca.

Sabtu, 21 November 2015

Sakdurunge Mardhika

Kelompok 2 B. Jawa :
1.     Afifah Mumtazati Fauziyyah     (01)
2.     Citraningrum Putri Kurnia        (08)
3.     Izza Mulya Fadila                       (19)
4.     Sekarini Larasati                         (32)

Tema : Kamardhikan

Cakepan/Syair Tembang Pocung :

Sakdurunge mardhika ya emut-emut
Akeh bangsa manca
Kang sami njajah nagari
Lan ngrampas bau suku ing nusantara

Pra mudha pati kagem nusa lan bangsa
Ksatriyaning bangsa
Mung ngabdi ibu pertiwi
Awujudna Indonesia mardhika

Isine tembang :
          Nyaritakaken kahanan sadurunge Indonesia mardhika. Jaman iku kathah bangsa manca kang njajahipun Indonesia. Bau suku utawa gesangipun manungsa dirampas dening para penjajah. Para mudha rela pati kagem nusa lan bangsa. Mula para mudha iku diarani ksatriyaning bangsa. Para mudha amung ngabdi marang ibu pertiwi. Dheweke berjuang kangge awujudaken Indonesia kang mardhika.

Relevansi isine tembang karo kahanan masyarakat saiki :

          Jaman saiki, bangsa manca njajahipun Indonesia sanes kangge kekerasan nanging kemajuan teknologi kang werna-werna dadi senjatanipun bangsa manca. Mudha-mudhi jaman saiki lewih tresna kaliyan budhaya luar daripadha budhaya Indonesia. Mudha-mudhi jaman saiki boten ngertos yen dheweke lagi dijajahipun bangsa manca liwat kabudhayaan lan teknologi. Olih tresna kaliyan budhaya luar nanging ya emut budhaya Indonesia kang perlu dilestarikaken.