Anggota kelompok 1 Basa jawa:
- Imam Arifin (18/XI MIPA 6)
- Kabut Yuli Asih (21/XI MIPA 6)
- Laras Ayu Respati (22/XI MIPA 6)
- Rival Oktavian Harista (29/XI MIPA 6)
Tema : Kamardhikan
Cakepan
Tembang Pocung :
Kapengker tanah jawi kang landa ngincup
Yen walanda ngobra
Narayana pada giris
Gaman pring kang wadi perangan mardhika
Ngelingana biyen keh korbane kang gung
Nalika palagan
Kamardhikan lwih rungkebi
Lir mudha-mudhi ngentasi parangmuka
Isine tembang :
Nyaritakaken kahanan lan perangan
mardhika.Saudurunge Indonesia mardhika,Indonesia dicekel dening Walanda.Salah
satunggale ing tanah jawi wong nom-noman pada wedi tekane landa amarga landa
padha ngrusaki negara.Nanging mudha-mudhi pada nglawa landa karo gaman pring singh dadi rahasiane.
Biyen sadurunge mardhika,akeh wong
sing dadi korban perang.Mulane,saiki dhewek kudu lewih rungkebi
kamardhikan.Dene kayata mudha-mudhi biyen sing ngentasi musuh yaiku walanda.
Relevansi isine tembang karo kahanan
masyarakat saiki:
Nang jaman saiki,perjuangan bangsa
Indonesia beda karo jaman biyen.Jaman saiki,bangsa manca njajah Indonesia udu
karo perang fisik nanging werna-werna.Babagan kemajuan teknoogi sing dadi gaman
kanggo njajah,korban uitamane yaiku mudha-mudhi.Jaman saiki mudha-mudhi ora
pada ngerti yen deweke lagi dijajah dening bangsa manca yaiku kebudayaan lan
teknologi.Yen jaman biyen,landa utawa bangsa manca njajah bangsa Indonesia
nggunakake perang gaman mulane akeh korban sing mati.Anane prastawa kuwi,dhewek
kudu bisa milih babagan sing apik ana ing kemajuan teknologi,yaiku kebudayaan
saking negara manca lan sagedrungkebi kamardhikan Indonesia.Dudu karo
nglaksanakaken perang maring negara manca.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar