Senin, 30 November 2015

Tembang Macapat (POLITIK)

Identitas anggota :
1. Hilda Carolina
2. Lulu kamalinda
3. Nova Tamam Q
4. Odi Pangestu

Tema : Politik

Cakepan/syair Tembang Pocung :
Ing tanggal sanga nganakake pemilu
seIndonesia
Golek pemimpin kang adil
Pimpina nagariku Indonesia
          Rakyat ngarepake pemimpin kang jujur
          Tujuan santosa
          Nglakokake luber jurdil
          Njunjung dhuwur mendem jero pemerintah

Isine Tembang Pocung :
        Ing nagari Indonesia sakmenika nganakake pemilihan umum (pemilu) kang dilaksanakake ing tanggal 9 desember 2015. Pemilu menika dilaksanakake kanggo nggolet pemimpin Indonesia. Ya, pancen pemilu iki kanggo nggolet pemimpin kota kang biasa diarani bupati utawa wali kota nanging bupati utawa wali kota menika salah sijining perkara kang kanggo mimpin nagari ing tingkat kota.
        Pemilu menika dilaksanakake dening rakyat kanggo rakyat. Rakyat sedoyo ngarepake pemimpin kang jujur, jujur sikap lan tindakane. Kang diarep - arep rakyat uga kanggo santosane nagari. Dilakokake kanthi luber jurdil ( langsung, umum, bebas, rahasia, jujur lan adil ). Pemimpin kang kapilih kudu bisa njunjung derajate Indonesia lan ninggalake sedoyo sipat kang ora becik kang diduweni dening Indonesia.

Relevansi karo jaman saiki :
        Nalika jaman rumiyin pemilu teksih kathah kang dilaksanakake kaliyan kalih paksaan uga ora jujur. Ingkang jaman sadurunge kathah calon pemimpin kang ora jujur wiwit kampanye kanthi kapilih dados pemimpin. Ing jaman rumiyin punika tata cara lan peraturan teksih ribet.
        Nanging ing jaman saiki menika pemilu dilaksanakake kanthi jujur lan adil. Mboten wonten paksaan lan sami kaliyan hati nurani masyarakat kang pada milih. Pengawas pemilu uga sampun ketat saengga mboten wonten malih kecurangan dening para calaon. Tata cara pemilu uga sampun diterapake kanthi ringkes.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar