KELOMPOK 9
Tema : Pendhidhikan
Anggota
:
1. Fariz
Rahman Hakim ( 10 )
2. Frida
Prasetyo Utami ( 13 )
3. Ilham
Syafiq Imawan ( 18 )
4. Jauharoh
Fadiyah ( 20 )
Bocah sekolah kudu sregep sinau
Ilmu kanggo bekal
Sangu urip nganti mati
Ben urip begja ora cilaka
Dhawuhe guru sing becik ya digugu
Uga diamalna
Ben duwe budi pekerti
Kanggo sangune urip ing masyarakat
Isine tembang macapat :
Tembang macapat iki mrentah bocah sekolah kudu sregep sinau nggolet ilmu. Ora mung ilmu donya nanging uga ilmu akherat. Ilmu iku nduweni kedudukan sing utama kanggo sangu urip nganti tekan mati.
Neng sekolah dhawuhe guru sing becik kudu digugu lan diamalna. Yen bisa ngamalna pitutur sing becik bakal dadi wong sing nduweni budi pekerti kanggo urip ing masyarakat.
Relevansi isine tembung karo kahanan masyarakat saiki :
Ing jaman saiki bocah sekolah pada bebeh sinau amarga kecanduan dolanan hp utawa laptop. Padahal kewajibane bocah sekolah yaiku sinau. Merga akeh bocah sing ora sinau mula nile sekolahe ala lan ora munggah kelas.Omongane guru uga wis ora digugu maning.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar